Sugeng Pinarak Ing Alam Lamunanipun Tiang Ndusun

Custom Search

Thursday, January 22, 2009

Wis sue kayane yah aku ora nulis, ora niliki blog mbuh nangapa kebelakangan iki pancen wis rada bosen kayane nang ngarep komputer, wis ora kaya mbiyen-mbiyen selalu aktif made on di depan pc. anu kena jampine kaki sarkawi ndean dadi bulan sura penyakite mandan ora nemen-nemen hehehe...
Aku tek crita dina minggu wingi tgl 18 januari 2009, ceritane gue wengi-wengi aku di SMS wong KBRI mei ngerti nek nang kbri ana kegiatan, sebenere si memang seminggu sing kepungkur aku wis di SMS mbak umai ketua IFN (Indonesia Familly Network) mei ngerti nek nang KBRI ana Forum Dialog sekang APJATI (Asosiasi Pengarah Jasa Tenaga Kerja Indonesia) jakarta. Tapi di samping kue sebenere aku si memang niate, rencanane dina minggu pancen arep meng KBRI arep ndaftar kejar paket B, sebab sedurunge aku wis telpon maring pak Ifdiono takon soal pendaftaran kejar paket sing di anakna nang KBRI, jerene aku kon langsung teka meng KBRI dina minggu tgl 18 pendaftaran terakhir, jerene si aku kon langsung nggoleti pak Arsy gitu katanya. makane saat kabeh-kabeh SMS aku mung mbalesi "iya matur suwun infone"



Mangkat sekang umah wis rada awan, sampe bosku takon "Lah jere arep ndaftar sekolah kok belum pergi?" ngenteni rika tangi koh mangkate. Bosku tangine sekitar jam 10 lewih dadi aku mangkat sekitar jam setengah 11an numapak MRT terus langsung nggejit meng KBRI. ora di nyana ora di kira nang njero MRT aku ketemu bik Tarti. hmm.... mau tau siapa bik Tarti? Bik tarti iku wong sing paling berjasa sesuene aku nang Singapore. nangapa tek omong paling berjasa, sebab dewekelah sing ngajari, sing mbantu aku lagi aku nembe-nembe mlebu Singapore, lagi times-times aku menyesuaikan diri nang Singapore ya sekitar awal-awal tahun 2000an. Bik Tarti iku wong Banyumas, mbiyen deweke kerjane manggon nang tingkat nduwurku, sewatu aku lagi esih anyar nang Singapore. deweke wis tek anggep kaya mbiyungku, umure pancen ya wis rodo tua mungkin sekitar 45an. tapi sewektu aku nembe sekitar rongwulanan kerja nang Singapore, deweke di balekna nang Bose alias padu karo Bose gara-gara Bos wedon Cemburu. langsung balik meng Indonesia, aku dewek wektu kue ora ngerti. ngerti-ngerti wis balik. akhire wingi aku bisa ketemu maning sapa si sing nyana nek aku bisa ketemu bik Tarti maning padahal wis los kontek hampir 10 tahun. sapa sing ngira nek Bik Tarti esih nang Singapore. Tapi sayange aku ketemu mung sedela sebab tujuan kita beda akhire pisah nang City Hall, lah wong tujuanku pindah sepur arep meng Orchard Bik Tarti karo kanca-kancane langsung bablas. jan-jane guli ngobrol tah urung marem rasa kangene uga esih menggebu-gebu hehehe..... ( kaya maring pacare bae..) tapi kpriwe maning, wis bisa ketemu maning be wis bener-bener kejutan ora di nyana.
Aku sampe KBRI sekitar jam 12an Forume wis meh rampung, kursi wis penuh kabeh malah sebagian ana sing ngadeg ora kebagean kursi, tapi kebeneran banget kursi nang ngarep esih ana siji sing kosong, dadi langsung nylonong lunggu nangarep. ( sebenere si anu wis sms kancane disit njaluk intraksien mbok ana kursi kosong nangarep ) mentang-mentang balane akeh nang KBRI, sing wis teka kit mau be pada ngadeg sing nembe teka malah langsung nylonong lungguh jan wis kus kus ora memper banget tuli koe. Biasalah Forume di akhiri dengan dialog, lumayan juga si sing di bahas meski sing di ajukna pertanyaane seakan siji-siji bae setiap ana dialog sing mesti sing di bahas tentang Hari offday untuk TKW di Singapore sing memang sebagian wong-wong anyar iku akeh sing ora ulih offday, masalah potongan gaji sing pancen kesuen banget, masa sanga mbulan kerja bakti alias kerja tanpa gajih. terakhir masalah NPWP kanggo TKW sing balik meng Indo, soale wingi sempet dadi perdebatan. kabare simpang siur ora ana kejelasan. Bar rampung dialog sekitar jam 1, terus makan siang, bar makan siang terus aku mudun meng ruang melu kursus bahasa Mandarin, tapi sedurunge kursus bahasa mandarin di mulai aku sempet juga lungguh nang ruang kursus komputer, dasare Pak Apduh ( pembimbing kursus bahasa mandarin) anu urung teka. Kursus mungkin sekitar 1 1/2 jam terus aku munggah maning. eh nangarep pintu ketemu Pak Arsy ora mbuang wektu langsung ae ngomong soal Ijazah/pendaftaran program paket.
"Pak Arsy... Dokumennya sudah di sampekan ke Bapak? tadi saya sudah kasihkan ke mbak yg di depan, tapi saya belum ngisi Formulirnya lho.."
"iya sudah.. emang kamu mau ngambil kejar paket apa?" tanya pak Arsy..
"Paket B pak..!!!"
"Hah.... nggak salah? bukan paket C atau UN?"
"Ya nggak lah kan SMP saya kan nggak lulus pak...!!!" sebetulnya si bukannya nggak lulus memang nggak pernah masuk SMP, ya maklumlah kan cerita masa kecilku sudah sering aku ceritakan kan?. Bapaku sudah meninggal sejak aku belum sekolah, sementara ibu usaha untuk kasih makan sehari-hari kami saja sulit, ibarat kais pagi makan pagi, kais petang makan petang... gemana mau ngelanjutin anaknya ke Sekolah. Kalaulah orang tuaku dulu orang kaya, punya biyaya untuk menyekolahkan aku dan saudara-saudaraku, ya mungkin aku nggak sampe ke Singapore ya... yaa.... tapi kepriwe manging wong wis dadi takdire ndean. makane saiki wis bisa nggolet biyaya dewek, arep ngapa-ngapa bisa mbayar dewek ora mawi ngendel-ngendelna wong tua makane wis tua esih nggolet ilmu.. ora ana kata terlambat kan??? Makane Bersyukurlah sing ndue wong tua mampu menyekolahkan kalian sampe ke tinggat tinggi, aja di sia-sia pengorbanae wong tua. aja sok dupe-dupe wis dadi pelajar atau mahasiswa, malah guli sekolah mung kanggo gembelengan, go lenjehan uala jan melas rama biyunge.